Wayang niku salah sawijining kesenian ingkang dados ciri khas saking Jawa. Wayang niku pirang pirang rupane, wonten wayang golek, wayang kulit, wayang suket lan sapanunggalanne. Mula saking niku, wayang wayang ingkang werna-werna ragame kudu di lestarikaken saengga generasi generasi teng nginggilipun kula lan panjenengan sedaya teksih saged mangertos kebudayaan jawa niki. Salah satunggaling carane yakuwi mangun Museum Wayang. Kutha Banyumas nggadhahi museum wayang ingkang jenengipun Museum Wayang Sendhang Mas . Sendhang Mas kuwi singkatan saking Seni Pedhalangan Banyumas . Museum niki diprakarsani dening Bapak Soepardjo Roestam kalih sesepuh sesepuh sanesipun kayata Bapak Soerono, Soesilo Sudarman lan tokoh budayawan Banyumas ning tahun 1983. Lokasine yakuwi sebelah ngalor utawi utara Alun-alun Banyumas, teng sisi wetanipun Pendhapa Sipanji Banyumas. Teng ngajengipun Museum wayang sendhang mas wonten patung bawor ingkang dados maskotipun Banyumas. Mlebet malih teng ambal-...
Komentar
Posting Komentar