MUSEUM WAYANG SENDHANG MAS BANYUMAS
Wayang niku salah sawijining
kesenian ingkang dados ciri khas saking Jawa. Wayang niku pirang pirang rupane,
wonten wayang golek, wayang kulit, wayang suket lan sapanunggalanne. Mula
saking niku, wayang wayang ingkang werna-werna ragame kudu di lestarikaken
saengga generasi generasi teng nginggilipun kula lan panjenengan sedaya teksih
saged mangertos kebudayaan jawa niki. Salah satunggaling carane yakuwi mangun
Museum Wayang.
Kutha Banyumas nggadhahi
museum wayang ingkang jenengipun Museum
Wayang Sendhang Mas. Sendhang Mas kuwi singkatan saking Seni Pedhalangan Banyumas. Museum niki
diprakarsani dening Bapak Soepardjo Roestam kalih sesepuh sesepuh sanesipun
kayata Bapak Soerono, Soesilo Sudarman lan tokoh budayawan Banyumas ning tahun
1983. Lokasine yakuwi sebelah ngalor utawi utara Alun-alun Banyumas, teng sisi
wetanipun Pendhapa Sipanji Banyumas.
Teng ngajengipun Museum wayang
sendhang mas wonten patung bawor ingkang dados maskotipun Banyumas. Mlebet
malih teng ambal-ambalan utawi teras museum wayang wonten patung singa mas.Tiket
mlebet Museum Sendhang Mas yakuwi Rp.1000 /tiyang. Kalih rega seniku
panjenengan sampun saged mlebet museum wayang sendhang mas ugi didampingi kalih
pemandu wisata utawi guide.
Mlebet teng Museum Wayang, lajeng disambut
dening gambar wayang Punakawan. Punakawan yakuwi karakter ingkang khas teng
pewayangan Indonesia.Punakawan niku asale saking tembung Puna ingkang tegese susah utawi angel, kalih Kawan ingkang tegese kanca, sedulur. Dados nek dicampuraken tegese
yakuwi kanca ingkang tansah setia teng swasana susah. Wonten malih tafsir
sanesipun saking Punakawan menika, Puna
yakuwi padhang utawi terang lan Kawan
yakuwi kanca. Dados tegese kanca ingkang ngejak marang dalan sing padhang utawi
dalan ingkang sae.
Punakawan kuwi mralambangaken
tiyang-tiyang ingkang semesthine. Tokoh tokoh wayang teng Punakawan inggih
menika Semar, Gareng, Petruk, Bagong/Bawor. Saben tokoh punakawan nggadhahi
karakter piyambak – piyambak.
1. SEMAR
Semar
saking tembung Samara ingkang
tegesipun cekat ceket. Semar niku cikal bakal saking Punakawan. Karakteripun
Semar niku jujur, mboten sombong lan tansah welas asih dhumateng sapadha-padha.
Karakteripun Semar dados teladan kangge kula lan panjenengan saengga tansah
mboten sombong kalih kelewihan ingkang dipun gadhahi.
2. GARENG
Gareng
niku putranipun Semar ingkang kaping setunggal, Gareng nggadhahi arti pujaan.
Gareng niku tokoh wayang ingkang mboten seneng matur, nopo sing diaturaken
biasane dados serba salah. Tokoh niki yakuwi tokoh wayang ingkang nggadhahi
kecacatan teng raganipun. Kecacatan kuwi nggadhahi arti kula lan panjenengan
tansah ngaturaken raos syukur kalih nopo ingkang sampun diparingi Gusti Allah
dhumateng kula lan panjenengan.
3. PETRUK
Petruk
niku putranipun Semar ingkang kaping kalih. Ciri ingkang khas saking Petruk
niku bentuke ingkang dawa. Dados nggadhahi filosofi, ingkang ngadepi kahuripan,
menungsa tansah berpikir ingkang dawa lan sabar. Petruk niku tokoh ingkang
nakal lan cerdas, seneng nyindir babagan ingkang mboten sae kalih
lawakan-lawakan.
4. BAWOR
Bawor niku putranipun Semar ingkang paling alit. Teng
cariyos pewayangan, Bawor dicariyosaken diciptakaken saking bayanganipun Semar
saengga rupa ragane nggih sami kalih Semar. Karakter Bawor mralambangaken
menungsa tansah urip priatin, sabar lan mboten seneng sanget kalih kahuripan
dunia ingkang fana.
![]() |
| Wayang Golek |
![]() |
| Kumpulan Wayang |
![]() |
| Wayang Suket |
Mboten wayang punakawan mawon, teng museum wayang Sendhang
Mas niki wonten wayang golek, wayang suket lan wayang wayang sanesipun. Teng
sisi tengah wonten gamelan ingkang dados pengiring teng pementasan wayang.
Museum Sendhang Mas buka saben dinten Senin – Kamis wanci 08.00 – 14.00. Lajeng
dinten Jum’at buka wanci 08.00 – 11.00.
Menika sekedhik informasi saking kula, mugi mugi bermanfaat
kangge panjenengan.
Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarokatuh
Kelompok X IPS 1
- Bella Setiarini (10)
- Bulan Asri Permatadewi (11)
- Elmira Bella Radinka (19)
- Putri Husna Anasya (31)
- Rahayu Kurnia Dewi (33)
- Bella Setiarini (10)
- Bulan Asri Permatadewi (11)
- Elmira Bella Radinka (19)
- Putri Husna Anasya (31)
- Rahayu Kurnia Dewi (33)



Komentar
Posting Komentar