Museum Wayang Sendang Mas Museum Wayang Sendang Mas ingkang letake wonten Banyumas tepatipun ing sebelah ler alun-alun Banyumas niki dibangun tahun 1983 lan diprakarsai para pejabat, bupati, seniman saha budayawan setempat ing wekdal menika. Salah setunggale inggih menika Bapak Supardjo Rustam. Nama Sendang Mas dhewe nggadahi arti Seni Pedhalangan Banyumas. Tujuan dibangune museum niki inggih menika kangge njaga, nglestarikake, lan gembangake pewayangan utawa pedhalangan terutamane wonten gagrag Banyumasan ingkang dipengaruhi 2 kultur, inggih menika : kulon (Jawa Barat) lan wetan (Yogyakarta). Percampuran kultur menika ingkang ndamel budaya Banyumas unik. Wonten Museum Sendang Mas , katah wernaning wayang. Kados : wayang suket, wayang purwa, wayang golek, wayang golek purwa, wayang paling tua ingkang namane “Wayang Kidang Kencana”, lan taksih katah malih. Museum Send...